Minggu, 11 Mei 2014

Materi Bahasa Jawa



WIDYATEMBUNG
(MORFOLOGI)
ž  Tembung inggih menika wanda utawi kempalanipun wanda ingkang mawi teges.
ž  Widyatembung (morfologi) ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadinipun tembung, lan ewahipun satunggaling tembung dados tembung sanes awit kawuwuhan imbuhan.
ž  Tembung umumipun kadhapuk saking: 1) afiksasi ‘imbuhan, wuwuhan’ 2) modifikasi vokal  3) diftongisasi  4) reduplikasi  5) pemajemukan  6) proses kombinasi  7) pemaduan  8) pedhotan, saha 9) akronim ‘singkatan, wancahan’.
ž  Wonten bTembung basa Jawi kaperang dados 4 (sekawan): lingga, andhahan, rangkep, saha camboran.
A.    WUJUDIPUN TEMBUNG
ž  Tembung lingga kasebat tembung asli utawi wod utawi akar kata.
ž  Tembung andhahan kaasil saking: 1) ater-ater (prefiks), 2) seselan (sisipan, infiks), 3) panambang (sufiks), saha 4) imbuhan sesarengan (konfiks).
ž  Tembung rangkep kaasil awit: 1)reduplikasi jangkep (dwilingga), 2) fonem ngajeng (dwipurwa), 3) fonem wingking (dwiwasana), 4) rangkep mawa imbuhan.
ž  Tembung camboran kaasill saking gothak-gathuk ingkang nggadhahi suraos ingkang saged dipuntampi saha dipunanggeasa Jawi kaperang adhedhasar wujud saha jinisipun.
1.      Tembung Lingga
ž  Tembung lingga kasebat tembung asli utawi wod utawi akar kata.
ž  Inggih menika tembung ingkang dereng angsal imbuhan utawi ewah-ewahan punapa kemawon.
ž  Wujudipun dumadi saking sawanda, kalih wanda, utawi tigang wanda. Tuladha:
                a) cet                     b) roti                    c) mustaka
                     bom                    sate                          padharan
                     teh                        kopi                        kulina
2.      Tembung Andhahan
ž  Tembung andhahan kaasil saking: 1) ater-ater (prefiks), 2) seselan (sisipan, infiks), 3) panambang (sufiks), saha 4) imbuhan sesarengan (konfiks).
a. Prefiks
wonten basa Jawi kaperang dados 16: a-, ma-/mer-, ma-(N), anuswara, tripurusa, ka-, ke-, pa-, pi-, pra-, pri-, tar-, sa-, kuma-, kapi-, kami-.
1)      Ater-ater a-
                sinebat rimbag bawa ha (basa Indo: ber-)
                a- + sikil = asikil
                 wonten lingga ingkang wiwitaniupun i utawi u swanten a luluh dados e utawi o.
                a- + inak = enak
                a- + ugak = ogak
ž  2) Ater-ater ma-/mer-
                ma-/mer- sinebat rimbag bawa ha ugi. Tuladha:
                ma- + guru          = maguru
                mer- + tamba    = mertamba
ž  3) Ater-ater ma- (hanuswara)
ma- → man-, mam-, many-, mang-, gumantung aksara wiwitan tembung lingga. Ginanipun saged kangge adamel tembung kriya. Tuladha:
                ma- + kidul          = mangidul
                ma- + ciduk         = manyidhuk
ž  4) Ater-ater Anuswara/Hanuswara (Aktif)
                swanten nasail ingkang kangge damel tembung tanduk (aktif). Kaperang dados 4:
                an-/n- (han-)     = t, th, d, dh
                                            nabok, nuthk, ndamu, ndhodhok
                am-/m-(ham)    = b, p, w
                                            mbengok,
                any-/ny-(hany-) = j,c,s
                                              nyapu, nyukur, nyaring
                ang-/ ng-(hang-) = a, k, g, r, l
                                             nggoreng, ngluyur
ž  5) Ater-ater Tripurusa (Tanggap)
                * Dipunwastani tripurusa amargi magepokan kaliyan tembung sesulih (kata ganti orang).
                * tembung purusa = person
                * Awujud dak-/tak-, kok-/ko-, di- .
                                 o1          = dak-/tak-
                                o2           = kok-/ko
                                o3           = di-
                Tuladha: dak- + waca = dakwac
ž  6) Ater-ater ka-
Ugi sinebat bawa ka utawi tanggap ka. Ka- ngasilaken tembung kriya pasif. Ateges dipunsengaja.
                Tuladha: ka-+utus= kautus
ž  7) Ater-ater ke-
sami kaliyan ka- mujudaken tembung kriya pasif/kriya tanggap.  Ateges boten dipunsengaja. Wonten tembung lingga ingkang purwanipun aksara b, d,dh, saha g ater-ater ke- → ge-
                Tuladha: ke+gedhen = kegedhen → gegedhen
ž  8) Ater-ater sa- (se-)/ sak-
                mujudaken tembung lingga dados tembung wilangan. Tuladha: sagelas, saomak, saminggu.
ž  9) Ater-ater pa-N ( anuswara/nasa l)
mujudaken tembung aran (kata benda/nomina). pa-N ( pam-, pan-, pang-, pany- ). Tuladha: pa- + enget = panget
ž  10) Ater-ater pi- ( tembung aran )
                tuladha: pitakon, piwales
ž  11) Ater-ater pra-/pre ( tembung aran )
                tuladha: pralambang, pratandha, pratingkah
                kejawi tembung prakosa,prayogi, prasaja, prawasa
ž  12) Ater-ater pri- ( tembung aran lan winates cacahipun )
                tuladha: priyangga, prikanca, pribumi
ž  13) Ater-ater tar- /ter-( tembung kriya+tembung katrangan )
                tuladha: tarkadhang-terkadhang, tartamtu-tertamtu
ž  14) Ater-ater kuma-, kami-, lan kapi-  ( tembung watak/kaanan )
                Tuladha: kumawani, kapiadreng, kumalancang.
ž  11) Ater-ater pra-/pre (tembung aran)
                tuladha: pralambang, pratandha, pratingkah
                kejawi tembung prakosa, prayogi, prasaja, prawasa
ž  12) Ater-ater pri- ( tembung aran lan winates cacahipun )
                tuladha: priyangga, prikanca, pribumi
ž  13) Ater-ater tar-/ter-( tembung kriya+tembung katrangan )
                tuladha: tarkadhang-terkadhang, tartamtu-tertamtu
ž  14) Ater-ater kuma-, kami-, lan kapi- ( tembung watak/kaanan )
                Tuladha: kumawani, kapiadreng, kumalancang.
ž  11) Ater-ater pra-/pre ( tembung aran )
                tuladha: pralambang, pratandha, pratingkah
                kejawi tembung prakosa,prayogi, prasaja, prawasa
ž  12) Ater-ater pri-  ( tembung aran lan winates cacahipun )
                tuladha: priyangga, prikanca, pribumi
ž  13) Ater-ater tar- /ter- ( tembung kriya+tembung katrangan )
                tuladha: tarkadhang-terkadhang, tartamtu-tertamtu
ž  14) Ater-ater kuma-, kami-, lan kapi- ( tembung watak/kaanan )
                Tuladha: kumawani, kapiadreng, kumalancang.
b. Infiks
ž  Tambahan wonten satengahing tembung, awujud: -um-, -in-, -er-, -el-.
ž  1) seselan –um-/ -em-
             *kasebat rimbang bawa ma.
             *menawi dipunseselaken wonten tembunglingga apurwa vokal –um- → m-
*mujudaken tembung kriya tanpa lisan (verba intransitif) saha tembung sipan (kaanan utawi watak),    ugi saged tembung kriya mawa lisan (verba transitif)
* seselan-um- kaginakaken wonten ragam baku utawi pangandikan resmi, pustaka, saha krama.
* seselan –em- kaginakaken wonten ing pangandikan informal utawi boten resmi, basa padintenan.
                *Tuladha: esem + -um- = mesem
                                laku + -um- = lumaku
ž  2) seselan –in-
                dipunwastani rimbang tanggap na, amargi mujudaken tembung kriya tanggap.
a) sinambung wonten lingga kawiwitan vokal dados –ing-, menawi kawiwitan konsonan boten ewah. Tuladha:
                apura + -in-         → inapura → ingapura
                tulis + -in- → tinulis
        b) katambah panambang –an, -ake/aken, -a/-ana, -na. Tuladha: tinangisan, tinumbasaken
ž  3) seselan-er- saha –el-
cacahipun namung sekedhip amargi boten sedaya tembung saged kawuwuhan seselan menika. –er- asring dados –r-; -el- asring dados –l-. Tuladha:
                titi + -el- = teliti → tliti
                kelip + -er- = kerelip → krelip
c. Sufiks
ž  Tambahan ingkang mapanipun wonten wingking. Cacahipun kathah kadosta: -i/,ni, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane, -ake, -aken ...
ž  Tuladha:
                mepe + -ni = mepeni
                takon + -a = takona
                antem + -en = antemen
                joged + -an = jogedan
                gawa + -na = gawakna
                isen + -ana = isenana
                sapu + -ane=saponane
                titip + -ake = titipake → titipaken

Tidak ada komentar:

Posting Komentar